Asal Usul Desa Sedan

0 komentar

(Cerita Rakyat soko Sedan Rembang)

Rikolo jaman semono poro wali nyebarake agomo Islam ning telatah Jowo, seng sakdurunge kabeh wargo umume isih podho nganut agomo Hindu.
Wektu iku penguwoso isih diwengku deneng rojo ing Majapahit kang duweni gelar Prabu Brawijaya kaping V sakwetoro wilayah Kabupaten Rembang wektu semono akeh alase. Penduduk uripe nggrombol ning pedesan cilik tur sepi.

Wusono kahanan kang mengkono teko nom-noman lanang manggon ing alas kono banjur netep mbangun omah kang jarake soko pesisir lor antarane 10 km arah kidul.

Sakbanjure ing panggonan kang isih wujud alas kuwi nom-noman lanang mau ngajak wong-wong kang ditemoni melu nyinaoni lan nglakoni syariat Islam. Tambah dino tambah akeh wong-wong pribumi kono gelem melu pangajake pengemboro mau kang ora liyo sawijining Sayyid. Pedesan kang maune sepi san soyo suwe tambah soyo rejo, amargo akeh ditekani wong-wong monco saperlu meguru marang Sayyid.

Sakwise ditekani wong-wong monco kang meguru marang Sayyid, banjur netep manggon kono. Alas kang maune alas gung liwang liwung owah dadi deso kang gedhe akeh penduduke. Kang luweh ngagetke maneh poro penduduk sing maune nganut agomo Hindu lan patuh aturane kerajaan Majapahit, banjur anut agomo Islam lan patuh karo sawijining Sayyid kang nggowo ajaran agomo Islam mau. Singkating cerito sing maune Sayyid mung sawijining pengemboro berubah dadi penguwoso ing panggonan kang anyar terus ora suwe dadi pedesan kang rame sing disebut Sayyidan. Kang maksude panggong sing dipanggoni sawijining Sayyid.
Tindak-tanduk lan subasitone Sayyid patut kanggo tulodo kang becik penduduk sakiwo tengene, akhire pengemboro Sayyid netep ing kono karo pengikut-pengikute. Sakwise puluhan tahun Sayyid netep ing kono, sakwijining wong kang dikagumi lan dipatuhi karo penduduk dadi pengarep nandang loro banjur tilar dunyo. Kabeh pengikute lan penduduk sekitare ngelingi jasa-jasane Sayyid kang apik senadyan wis tilar dunyo tetep dadi pengeling-eling jasade dikubur cedak karo omahe banjur kuburane ditanduri wit Jati lan dikeramatke ora tau ditebang.
Wektu lumaku terus ora kroso puluhan tahun suwene, kuburane Sayyid angker kasebut manggon kapernah 300 meter arah ngalor soko pasar Sedan saiki. Sebutan Sedan iku asal mulane soko tembung SAYYIDAN kang artine Sayyid. Lha Sayyidan ditetepke dadi aran deso kanggo ngormati lan ngelingi tumerap jasa-jasane sang Sayyid kang nyebarke agomo Islam ing kono. Sebutan Sayyidan suwe ning suwe berubah dadi SEDAN. Percoyo utowo ora, sing jelas cerito iki tumeko saiki isih diakui kebenarane tumerap masyarakat deso Sedan kecamatan Sedan kabupaten Rembang.

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2009/06/asal-usul-desa-sedan.html
Share this article :

Posting Komentar

Komentar Anda akan sangat bermanfaat untuk perkembangan dan kemajuan blog ini, tapi yang sopan ya... dan jangan spam. Terima Kasih.


 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Nayla Sedan - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger